JawaKHUTBAH

Ngugemi Filosofi OJO DUMEH

Berbagi yuks..

Kaanggit dhening Ricky Wasito, PAIF Kota Semarang

Hadirin Jam’ah Jum’ah Rohimakumullah,
Kathah filosofi Jawi engkang prasaja, ananging anggadhahi teges engkang luhur, kalebet “Ojo Dumeh”. Minangka nasehat, ojo dumeh anggadhahi teges engkang lebet sanget lan kalebet ing ranah engkang jembar, saget arupi kalenggahan, kekuwatan, kasugihan, lan status sosial. ojo dumeh minangka piwulang Jawi engkang kedah dipun mangertos, bilih gesang puniko muter. Setunggal wekdal ing nginggil lan sanes wekdal ing ngandhap. Puniko engkang kawastanan cokro manggilingan. Cokro tegesipun roda utawi cakram, dene manggilingan tegesipun ingkang muter.

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *