JawaKHUTBAH

Kautamanipun Siyam ing Wulan Sya’ban

Berbagi yuks..

Dhening : Muhammad Syafi’i (PAIF Temanggung)

Jama’ah jum’ah ingkang kula hurmati,
Wekdal punika kita sampun mlebet wonten wulan Sya’ban, wulan ingkang manggen antawis wulan Rajab lan Ramadhan, wekdal ingkang sanget istimewa kagem wulan Sya’ban ibadah sunah, utaminipun ibadah siyam sunat wonten wulan Sya’ban, minangka pemanasan, latihan ngadhepi wulan Ramadhan. Usamah bin Zaid ngendika : “Ya Rasulallah kula mboten nate ningali panjenengan nindakaken siyam sunah ingkang kathah ten wulan Sya’ban / Kanjeng Nabi Muhammad SAW nindakaken siyam sunah paling katah wonten wulan sya’ban.

Kejawi minangka pemanasan, ugi minangka pepiling kagem ingkang nggadahi utang siyam Ramadhan tahun kapengker supados nyaur utangipun, siyam sunah wulan sya’ban ugi minongko pelengkap siyam wajib wulan Ramadhan. Midherek Ibn Al-Qayyim wonten tiga keutamaan wonten wulan Sya’ban. Sepisan, Rasulullah SAW katah nindakaken siyam wulan Sya’ban sak derengipun siyam Ramadhan. Kaping kalih, Rasulullah nindakaken siyam wulan Sya’ban kangge paring pakurmatan dhateng wulan Ramadhan. Kaping tigo, wulan Sya’ban minangka wulan ingkang istimewa amalan siyam badhe dipun inggahaken dhateng Allah SWT.

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *