Taubat Sakderenge Ati Dados Karat

Berbagi yuks..

Dhening : Wakhid Setiyawan (PAIF Kabupaten Wonosobo)

Jama’ah jum’at rahimakumullah…
Perlu dipun sadari bilih awak kito piyambak mesthi nate damel kesalahan lan dosa. Tasih kathah ibadah utawi kuwajiban-kuwajiban ingkang dereng kito lampahi lan keporo kito lalekaken, duko menika ibadah ingkang wajib menopo sunnah. Kosok wangsulipun ugi tasih kathah awisan-awisan ipun Gusti Allah ingkang kito terjang lan kito sepelekaken, ugi tumindak maksiat ingkang tesih kita lampahi.
Pramila saking menika monggo kito samio enggal-enggal taubat dateng Gusti Allah kanti taubatan nasuha. Ingkang disebut Taubat inggih menika nggetuni dosa-dosa lan maksiat ingkang sampun kita lampahi lan niat kanthi saestu badhe nggantos tumindak dosa lan maksiat kolo wau kelawan amal-amal kesaenan.
Taubat dados perkawis ingkang penting dipun lampahi, amargi kanthi taubat kito saged ngresiki ati saking dosa-dosa ingkang sampun damel regetipun ati. Ati ingkang resik saking karat dosa badhe gampil nampi hidayah, ingkang akhiripun ndadosaken awak enteng anggenipun ibadah lan pungkasanipun saged seda kanthi husnul hotimah mlebet suwargo utawai jannah.

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *