JawaKHUTBAH

Urutane Urip Menungsa

Berbagi yuks..

Dhening: Abdillah Taufiq, S.Ag. (PAIF Kankemenag Kab. Rembang)

Hadirin Jama’ah Jum’at Rohimakumullah

Mboten keraos kita sampun wonten ing akhir tahun masehi meniko. Dinten lan wulan gilir gumantos, semanten ugi tahun ugi gantos. Wekdal rahosipun tansoyo cepet mawon. Menawi kita tingali ing kiwo tengen kita, sampun sami berubah. Malah tanpo kita sadari, kita inggih sampun berubah. Jatah yuswo kita ugi tansoyo kirang, kita mboten ngertos kapan lan wonten pundi kita mangkeh bade sowan wonten ing ngarsanipun Allah SWT.

Poro ulama paring piwucal dhumateng kita sedoyo bilih ingkang ngalami pergantian wekdal lan perubahan zaman inggih puniko makhluk. Perubahan puniko mboten berlaku dateng Allah SWT sebab Allah puniko wonten tanpa kawitan dan wonten tanpo akhir.  Allah SWT Maha Suci saking sifat perubahan.

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *