Khutbah Jumat (Jawa): Cecepengan Saha Amalan Ing Pagesangan Donya
Dening: Drs. H. Slamet Arifin, M.Ag. (PAIF Kabupaten Boyolali)
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ أَمَرَنَا بِاْلاِعْتِصَامِ بِحَبْلِ اللهِ ، أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لَا نَبِيَّ بَعْدَهُ . اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سيدنا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اٰلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَ هُدَاهُ. أَمَّا بَعْدُ : فَيَا عِبَادَ اللهِ ، أُوْصِيْكُمْ بِتَقْوَى اللهِ ، فَقَالَ اللهُ تَعَالَى: يَآأَيُّهاَ الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ
Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah
Taqwa minangka sangu kanggenipun piantun ingkang ngersakaken gesang mulya, mulya ing donya punapa dene mulya ing akherat mangkehipun. Pramila menika sumangga mumpung taksih wonten kesempatan kita ginakaken kanthi sak sae-saenipun, inggih punika ningkataken ketaqwaan kita dhumateng Allah kanthi nindaki punapa ingkang dados dhawuhipun sarta nilar punapa ingkang dados pepacuhipun.
Jama’ah ingkang minulya
Bumi ingkang kita panggeneni punika minangka planet ingkang tansah mubeng utawi giliran, wonten siang wonten dalu. Roda pagesangan donya ugi mboten nate mandheg. Kadhang minggah kadhang mandhap, wonten seneng wonten susah, wonten mesem wonten tangis. Kadhang kala dipun alem kadhang kala dipun ece. Ampun ngantos ngarep-arep wontenipun kelanggengan ing gesang donya menika.
Pramila punika, supados mboten goyah saha tetep kuwat ngadhepi sedaya tantangan gesang kita kedah anggadhahi cecepengan saha amalan ing lebetipun gesang. Wonten tiga amalan ingkang saget kita amalaken inggih punika istiqomah, istikharah saha istighfar.
Sepisan, Istiqomah inggih punika kokoh ing aqidah lan ajeg ing ndalem ibadah. Amargi pentingipun istiqomah menika ngantos Nabi Muhammad Shallallahu’alaihi wasallam pesen dhateng satunggalipun tiyang, kados ing hadits punika:
عَنْ أَبِيْ سُفْيَانَ بْنِ عَبْدِ اللهِ رَضِيَ اللهُ عَنْهُ قَالَ: قُلْتُ يَا رَسُوْلَ اللهِ ، قُلْ لِيْ فِي اْلإِسْلَامِ قَوْلًا لَا أَسْأَلُهُ عَنْهُ أَحَدًا غَيْرَكَ . قَالَ: قُلْ اٰمَنْتُ بِاللهِ ثُمَّ اسْتَقِمْ. (رواه مسلم)
Saking Abi Sufyan bin Abdullah Radhiyallahu ‘anhu. Pajenenagnipun matur: Kula nate matur, Dhuh Rasulullah panjenengan katuran paring pangendikan dhateng kula pesen ing lebetipun Islam satemah kula mboten badhe tanglet dhateng tiyang sanes kajawi panjenengan. Nabi mangsuli: “Kandhakna Aku wus iman marang Allah banjur istiqomaha.” (HR. Muslim)
Tiyang ingkang istiqomah tansah kokoh ing aqidah saha mboten goyah imanipun ngadhepi tantangan gesang. Sanajan dipun adhepaken kalihan masalah gesang, ibadah mboten nglokro, kantong kosong punapa isi kandel tetep ngertos halal haram, dipun ece utawi dipun alem mboten owah sikapipun, sanajan piyambakipun gadhahi fasilitas kanikmatan, piyambakipun mboten kagodha nindakaken kemaksiatan.
Tiyang kados makaten ingkang dipun alembana dening Allah Subhanahu wata’ala kados dene ingkang kaemot ing Al Qur’an Surat Fushshilat ayat 30:
إِنَّ ٱلَّذِينَ قَالُواْ رَبُّنَا ٱللَّهُ ثُمَّ ٱسۡتَقَٰمُواْ تَتَنَزَّلُ عَلَيۡهِمُ ٱلۡمَلَٰٓئِكَةُ أَلَّا تَخَافُواْ وَلَا تَحۡزَنُواْ وَأَبۡشِرُواْ بِٱلۡجَنَّةِ ٱلَّتِي كُنتُمۡ تُوعَدُونَ
“Satemene wong-wong kang padha matur: “Pengeran kita hiya iku Allah” tumuli dhewekne kabeh ngukuhake panemune dhewekne kabeh mula malaikat bakal tumurun marang dhewekne kabeh, (sarana dhawuh) : “Sira kabeh aja ngrasa wedi lan aja ngrasa susah; lan aweha bebungah wong-wong iku kelawan (merkoleh) suwarga kang wus den janjekake dening Allah maring sira kabeh.” (QS. Fushshilat: 30)
Kaping kalih inggih punika istikharah, tansah ndedonga nyuwun pitedah Allah ing saben langkah lan kebak tetimbangan ing saben keputusan. Saben tiyang anggadahi kebebasan ngendikan lan nindakaken tumindak. Ananging miturut Islam mboten wonten kebebasan ingkang tanpa winates lan wates-wates kasebat inggih punika aturan-aturan agami. Mila tiyang muslim ingkang leres, tansah menggalih makaping-kaping sadherengipun ngendikan utawi nindakaken tumindak sarta tansah nyuwun pitedah dhumateng Allah Subhanahu wata’ala.
Nabi Muhammad Shallahu ‘alaihi wasallam nate paring pangendikan dawuh:
مَنْ كَانَ يُؤْمِنُ بِاللهِ وَالْيَوْمِ اْلأٰخِرِ فَلْيَقُلْ خَيْرًا أَوْ لِيَصْمُتْ. (رواه البخاري ومسلم عن أبي هريرة)
“Sing sapa wonge iman marang Allah lan dina akhir, mangka ngomongo kang becik utawa menenga.” (HR. Al-Bukhari dan Muslim dari Abu Hurairah).
Tiyang bijak ngendikan: “Think today and speak tomorrow” (mikira ing dina iki lan ngomongo dina sesuk).
Menawi pangandikan punika mboten prayogi menapa malih ngantos nglarani tiyang sanes mila dipun tahan utawi dipun ampet, ampun ngantos dipun ngendikakaken, sanajan pangandikan kala badhe njalari sakit menawi dipun ampet. Ananging menawi pangandikan kala wau sae lan becik mila panjenengan ngendikaken ampun ngantos dipun ampet/dipun tahan awit ilat kita saget dados lemes ngantos saget nguwuh-uwuh bebener lan adil sarta njunjung dhawuh amar ma’ruf nahi munkar.
Babagan kebebasan punika, malaikat Jibril nate ngrawuhi Rasulullah Shallahu ‘alaihi wasallam caos rambu-rambu ing pagesangan, kanthi sabdanipun:
أَتَانِيْ جِبْرِيْلُ فَقَالَ: يَا مُحَمَّدًا عِشْ مَا شِئْتَ فَإِنَّكَ مَيِّتٌ، وَأَحْبِبْ مَا شِئْتَ فَإِنَّكَ مُفَارِقٌ، وَاعْمَلْ مَا شِئْتَ فَإِنَّكَ مَجْزِيٌّ بِهِ. (رواه البيهقي عن جابر).
Jibril nate nekani marang aku lan ngendika : “He Muhammad uripa sak karepmu, ananging satemene sira ing siji wektu bakal mati, tresnaha marang apa wae kang mbok sira tresnani ananging sira ing siji wektu mesthi bakal pisah uga lan nglakonana apa kang mbok karepake nyatane kabeh mau ana ganjarane.” (HR. Baihaqi saka Jabir)
Pangendikan Nabi Shallallahu’alaihi wasallam menika sansaya penting ing mangsa punika kanthi alasan kebebasan. Kathah tiyang ngendikan tanpa nalar utawi logika sarta data ingkang leres, lan tumindak sak karepipun piyambak tanpa pertimbngan etika agami. Napa malih ing jaman android kathah pawartos ingkang hoax, apus-apus, kadhang kala kita piyambak pelakunipun. Contonipun, pikantuk kiriman ing WA, tanpa dipun teliti kaleresanipun, lajeng kewala dipun sebaraken dhateng rencang utawi group sanes. Kamangka pawartos menawi mboten mesti leres kalian kasunyatanipun.
Para pakar kadhang kala ing wekdal sak punika justru malah langkung kathah mirengaken katimbang ngendikan. Sikap punika ketingalipun langkung bijak tinimbang kathah ngendikan ananging justru mbingungaken tiyang sanes.
Monggo, kita masyarakataken istikharah ing sedaya langkah kita supados kita leres-leres tumindhak sacara leres lan mboten nuwuhaken kuciwa ing tembenipun.
Nabi Muhammad Shallahu ‘alaihi wasallam paring pangendikan dawuh:
مَا خَابَ مَنِ اسْتَخَارَ وَلَا نَدِمَ مَنِ اسْتَشَارَ وَلَا عَالَ مَنِ اقْتَصَدَ.
“Ora bakal rugi wong kang istikharah, ora bakal kuciwa wong kang musyawarah lan ora bakal mlarat wong kang urip hemat.” (HR. Thabrani dari Anas)
Jama’ah Jum’at rahimakumullah
Nomer tiganipun inggih punika istighfar, tansah instrospeksi diri utawi sadar diri saha nyuwun pangapunten dhumateng Allah Rabbul Izati.
Saben tiyang nate nindakaken kesalahan minangka individu punapa dene kesalahan minangka setunggaling bangsa. Saben kesalahan lan dosa menika sak yektosipun minangka penyakit ingkang ngrisak pagesangan kita. Pramila menika kedah kita obati.
Mboten sekedhik perkawis ageng ingkang kita adhepi ing akhir-akhir punika ingkang dipun sebabaken awit kesalahan kita piyambak. Wekdal menika kita instrospeksi mangsa kepengker, nyuwun pangapunten dhumateng Allah, ngawontenaken koreksi kangge ngadepi masa depan ingkang langkung padhang jingglang kanthi kebak karidlanipun Allah.
Ing lebetipun masalah ekonomi, menawi rizki Allah mboten dumugi dhateng kita awit amargi kesetipun kita, mila ingkang dipun obati inggih punika sifat keset kala wau. Kita mboten kenging dados ummat ingkang keset. Keset punika minangka mungsuh kita. Menawi kesulitan ekonomi kala wau, amargi kita kirang mampu ngawontenaken terobosan-terobosan ing produktif, mila kraetfitas lan etos kerja utawi semangat kerja umat ingkang kedah dipun tuwuhaken.
Ananging, kadangkala pagesangan sosial ekonomi setunggaling bangsa ngalami kangelan lan kangelanipun kasebabaken amargi kesalahan utawi dosa mangsa kepengker ingkang dereng ngawontenaken pertobatan sacara massal. Menawi punika penyebabipun mila obat ingkang paling mandi inggih punika istighfar lan tobat.
Allah berfirman ingkang ngisahaken seruan Nabi Hud alaihissalam, dhateng kaumipun:
وَيَٰقَوۡمِ ٱسۡتَغۡفِرُواْ رَبَّكُمۡ ثُمَّ تُوبُوٓاْ إِلَيۡهِ يُرۡسِلِ ٱلسَّمَآءَ عَلَيۡكُم مِّدۡرَارٗا وَيَزِدۡكُمۡ قُوَّةً إِلَىٰ قُوَّتِكُمۡ وَلَا تَتَوَلَّوۡاْ مُجۡرِمِينَ
Lan (dheweke Hud dhawuh) : “He kaum ingsun, padha nyuwuna sira kabeh pangapura marang Pengeranira kabeh banjur mertobata sira kabeh marang Penjenengane, Penjenengane bakal nurunake udan kang banget derese kanggo sira kabeh, lan nambahake kekuwatan marang kekuwatan ira kabeh lan aja nganti sira kabeh padha mlengos kanthi nglakoni dosa.” (QS. Hud:52).
Jamaah ingkang dipun mulyakaken Allah
Sepisan malih, mboten wonten pagesangan ingkang sepi saking tantangan lan godaan. Hal punika dipun maksudaken supados kita tetep tangguh lan kalis saking macem-macem ombaking pagesangan. Pramila kita kedah anggadahi saha nindakaken tiga amalan kala wau inggih punika istiqomah, istikharah lan istighfar.
Mugi-mugi Allah paring kekiatan dhateng kita kangge nggayuh masa depan kanthi iman lan sih-rahmat Allah Subnahau wata’ala. Aamiin, ya Rabbal’alamin.
أَقُولُ قَوْ لِي هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ فَاسْتَغْفِرُوْهُ اِنَّهُ هُوَ الْغَفُورُ الرَّحِيْمُ